Monday, July 27, 2009

THR Riwayatmu Iku

Sik tas moco tulisane Cak Dadank sing ngomongno Taman Prestasi nggo boso Suroboyoan. Kok aku dadi pengen mbagi-mbagi cerito nggawe Boso Suroboyo pisan yo. Koyokane aku ngga langsung wis ngelalekno boso sing wis tak gawe hampir lebih teko seperempat abad iki.

Nek Cak Dadank ngomongno Taman Prestasi aku dadi iling Taman Hiburan Rakyat sing nggonane cidek karo Taman Remaja Surabaya alias TRS. Opomane minggu wingi pas aku muleh nang Suroboyo terus mlaku-mlaku karo Kohan, aku ngelewati THR. Wah dadi eling mane karo kenangan masa lalu pas aku sik enom (yo… pas aku lebih enom sih. Saiki yo aku ngerasa aku sik enom!! Hahahaha asuuu! Gayamu, Ndesss)

Tak akoni, nang Suroboyo biyen (pirang-pirang taon kepungkur) Pemerintah kurang nggatekno kebutuhane wong-wong marang pentinge kota iki duweni taman sing ijo, adem, sing iso dinggo mlayu-mlayu nek onok sing nggowo anak, opo digawe kejar-kejaran karo pacare koyok nang pilm-pilm india iku lo. Tapi syukur Alhamdulillah saiki wis mulai muncul siji-siji taman-taman nang pucuk-pucuk kota. Balik maneh nang ceritoku tentang Taman Hiburan Rakyat.

Pas sik aku cilik, aku lali pas aku umur piro yo?? Nek gak salah yo pas aku kelas 2 opo kelas 3 SD. Ayah karo Ibuku mesti ngajak mlaku-mlaku nang taman iku nonton Srimulat. Pokoke nontok Srimulat  iku dadi acara wajib sing kudu dimeluni sak keluarga sakben dino Sabtu utowo minggu. Aku sik iling biyen yok opo tingkae Jujuk, Mamik, Basuki, Asmuni, Susi, Pete, Nunung manggung sampek mencak-mencak nang penonton. Wah pokok’e hiburan paling top wis… THR pas iku gak remang-remang.. Adoh lek dibandingno karo pas jamane aku mrono. Kiro-kiro pas 5 taonan iko, aku  sempat dolen mrene. Yo niate sih pengen mangan berduaan ngono karo pacarku biyen masio aku ngerti nang kono gak tau onok panganan enak (pengakuan rek, dadine!!!). Pas sek kaet nyampe THR tak pikir akeh arek-arek cilik dulinan. Tapi kok pas mari Maghrib arek-arek cilik’e gak onok-onok… sing ake malah arek-arek gede gandengan bareng lanang wedok.. Tak kiro yo niate podo, ndolek panganan nang panggonan sing enak. Tapi koksuwi-suwi malah mangan pasangane dewe??? Yok opo nggak mangan pasangane dewe? La wong pas aku noleh nang kanan aku ndelok arek wedok sing mulet-mulet karepe dewe, terus lanangane ‘nekek’ gulune… (emboh kok iso yo pacare ditekek sampek mulet-mulet karo ngos-ngosan ngono… wakkaka). Terus pas aku noleh nang kiwo onok sepeda dijagang tengah ditumpaki lanang wedok. Posisine nek gak salah wedokane  mluma ditindiki lanangane. Asu asu asu… Aku pengen meso ae nek iling iku. La wong iku nggonane yo cedek mushola lo. Sakjeke iku aku baru “ngeh” nek taman iki yo termasuk panggonan semi “esek-esek” Waduh… Salah enggon rek.

Teko kejadian iku, aku wis gak wani mrono mane nek bengi. Nggarai aku kepingin!! Wakakakakaka…. Tapi aku dadi iso nilai nek Suroboyo iku bener-bener butuh tambahan fasilitas sing iso ngayomi kebutuhan penduduk sing pengen refreshing. Masio stresse wong Suroboyo ga koyok Wong Jakarta, tetep ae wong-wong iku butuh panggonan sing enak. Sing nggak ganggu pemandangan, sing iso dinggo rekreasi gawe anak-anake. Duduk sing remang-remang opomane sepi tapi rame karo suarane wong cipok’an (hahahhaha) Sakno rek karo arek-arek cilik nek koyok ngono carane. Wis talah cukup Doly, Moroseneng, Kembang Kuning, Kenjeran, Diponegoro, Irba (lo kok akeh yo??? Hahahahaha) ae sing dadi logone “Suroboyo banyak lubang” ojok mrambat nang endi-endi, Cak-Ning! Moso biyen pas aku cilik aku nang THR nontone Srimulat tapi pas aku gede aku malah nonton Srimulet!

Tapi aku saiki rodo salut karo sing  ngurusi taman kota. Wong-wong iku lebih sadar karo nggawe taman-taman nang pusat kota. Wis ono taman bungkul terus taman sing anyar sing cedek Jl. A. Yani sing ake pancurane iku lo. Aku ngga ngerti opo iku jenenge. Tapi lumayan lah arek-arek saiki wis duwe panggonan sing nyenengno gawe dulinan plus gak remang-remang rek.. Iku sing penting. Soale  remang-remang titik ae, pasti langsung diserbu gawe gendak’an.

Dadi dulur… ayo dijogo Suroboyo ben rodo enak digawe kumpul-kumpul nek sore (soale nek awan panas cak! :D )

Salam,

Ning Susan

Friday, July 10, 2009

To fall In Love again

To Fall In Love is the term which has been away from me. Not because I can't point on the target or nobody makes me as their object, but I haven't found the chemistry yet.